Jalmo Menungso …. !!?? Kang gumelar ana ing ngarepmu iku rupa kitab rupa crita bab jagad bab kowe kelawan aku bab kawula kelawan Gusti .....
Nyawanga… Ilining banyu – Miliring angin – Urubing geni .......... Nyawanga… Abure peksi – kelike wulung - Kepake pitik – Kluruke sawung – Kedepe kartika – abure mega Kabeh pada nyarita nganggo ukarane dewe-dewe
Tetesing bun kang nyarita bab uleging samudra pletiking latu kang nyarita bab gebyaring Baskara ... kabeh kuwi rupa Sastra Jendra …. kabeh kuwi rupa Sastra Jendra ......... Yen siro bisa mangerteni unening sandhi kang ana swalike gatra
rupa basa kang tanpa ukara siro pranyata dipalilahi
ngawuningani Kasunyatan ing Jagad iki ..........
Yen sliramu ngunandika bab rasa pangrasa
tamtu mbok woco tanpa tembung.
Sabab awit ing kana tan ana basa kang bisa gadug mbabarake isining ati mangkonoa uga Sang Jagat Nata
denya ndedongeng – wewuruk lan wewarah
sadengah rupa – apa bae – sakabehane
kawedar ake tanpa ukara .......
Awit meneng kuwi dudu bisu… meneng kuwi dudu bisu ..... sanadyan ana sawiji wiji ing sawenehing pitakonmu
wus cumepak wangsulane ma ewu ewu
nanging ora maido yen durung ka babar jer ora sadengah pawongan gadug
mangerteni tetembung “ nyata ing kalimput ” kang kinira wadi ...
0 komentar :
Posting Komentar
Silahkan berikan tanggapan atau komentar atas artikel - artikel yang telah di posting pada halaman ini dengan sopan dan bijaksana ...